Kegiatan

ANDHAP ASOR SIFAT LUHUR ORANG JAWA

  • 30-07-2026
  • pagerdawung
  • 661

Sifat andhap asor
Pengertian Andhap Asor ing basa Jawa yaiku sipat andhap (rendah hati) lan asor (ora ngunggul-ngunggulake awake dhewe) nalika sesrawungan karo wong liya. Wong sing nduweni andhap asor tansah ngajeni liyan, alus anggone matur, ora sombong, lan gelem ngurmati sapa wae tanpa ndeleng drajat, bandha, utawa kalungguhane.

Ana unen-unen sing nggambarake sipat iki:
"Andhap asor iku dudu ngasorake awake dhewe, nanging ngluhurake wong liya kanthi rasa ngajeni lan tata krama."
Tegese, andhap asor ora ateges rumangsa luwih asor tinimbang wong liya, nanging nuduhake budi pekerti luhur, sopan santun, lan rasa hormat marang sesama. Sipat iki dadi salah siji piwulang penting ing budaya Jawa kanggo njaga kerukunan lan tentreming bebrayan.

Salam budaya????????

Share :